Geguritan

Lukisan Walmiki pinuju nggurit epik Ramayana.
- Cacahing gatrané ora tartamtu, nanging apese 4 gatra.
- Saben-saben sagatrané guru wilangan lan guru lagu padha waé, runtut mawa purwakanthi guru swara.
- Lumrahe kabuka utawa kawiwitan srana ukara: "Sun anggegurit".
- Cekak yaiku ora wujud ukara sing nggladrah
- Menthes yaiku tembungé duwé makna kang jero.
- Éndah ngemu purwakanthi swara, sastra utawa basa.
- Tembungane pilihan
Wujud kasusastran
Minurut wujudé, kasusastran kuwi jinisé ana telu, yaiku prosa (gancaran), geguritan lan drama (sandiwara). Kang mbédakaké kateluné yaiku wujudé. Kasusatran prosa utawa gancaran awujud paragraf, kasusastran geguritan kuwi awujud bait, lan kasusastra drama utawa sandiwara awujud dialog (pacelathon).Tuladha wujud geguritan
Yèn Rembulane Moblong, PamanDening I. Kunpriyatno
yén rembulané moblong, paman
aku kangen sanja menyang plataranmu
nggelar klasa sangisore wit gayam
jejadhuman karo ngematké swarané
bocah – bocah sing padha dolanan
yèn rembulané moblong, paman
aku kangen ngrungokake gumelegeré guyumu
sanadyan sawah lan tegal siji mbaka
siji ilang. Sanadyan anak lanang
milih ngumbara ing paran
suthik ngopèni lemah warisan
yèn rembulané moblong, paman
aku kangen nyekseni marang keteguhanmu
nggegem sawijining kapitayan. Ngadhepi
owah – owahané jaman. Kaya watu karang
sing ora nate gigrig nantang jumlegurè
alun ing satengahé wahudayan
Penjebar Semangat;Nomor 50. 12 Desember 2009
Tidak ada komentar:
Posting Komentar